Sabtu, 02 Januari 2010

cerkak "AMARGA TANGI KRINAN"

Wengi iku jam dinding ana kamare diajeng muni klonthang2 kaping sewelas,sanajan wis teturon suwe nanging diajeng durung bisa ngeremake mripate,insomnia basa gaule.Pancen awake diajeng krasa lungkrah banget sebab sedina med ora bisa liren sakawit ngurmati tamu kang padha rawuh tumuju mertakake sisihane kang nembe mulih ngayahi tugas saka luwar negri.Nanging sejatine kang gawe diajeng ora merem turu kuwi merga stres esuke deweke kudu mangkat gasik kuliah ana NWU,uga kepikiran marang tugas2 lan PR saka dosen kang durung sempat digarap,luwih2 nalika mau isuk diajeng mbukak internet arep nggarap tugas TIK jebul kok angel,saknalika pikirane diajeng dadi cunthel lan mumet.Diajeng noleh kiwa tengene anggone turu,sisihan lan anak lanange katon turu angler,diajeng banjur menyat nyandhak HP kang ngglethak ana meja kanggo nyetel weker jaga2 menawa deweke keturon.Ora suwe diajeng wis bisa turu, malah turune angler banget nganti wekere muni wae ora krungu babar blas. Wektu iku adoh ing plasa wonosobo,kanca2ne diajeng wis padha nunggu karo grundelan sebab wektu wis jam papat isuk lan bis jurusan semarang wis meh mangkat,nanging diajeng durung teka tanpa ngabari uga.Kanca2 ora padha ngerti yen sebenere naliko iku diajeng durung tangi sanajan wingi janjine arep pada mangkat jam setengah papat. Diajeng njondhil,kaget banget naliko HPne muni seru,misscall saka kanca2ne.Deweke nembe sadar menawa krinan,ora kagambar kaya ngapa kuciwa atine diajeng kang wis niat satus persen arep mangkat kuliah banjur wurung,sebab diajeng ora tega menawa kanca2ne padha ngenteni deweke kesuwen tata2, akhire diajeng mutusake supaya deweke ditinggal bae.Diajeng banjur nggugah sisihane,karep atine kepingin njaluk diterke mangkat neng kampus,nanging ora kewetu amarga diajeng ngerti menawa sisihane kuwi isih kesel.Diajeng banjur ngomong marang sisihane yen deweke arep mangkat kuliah dewe numpak bis,sanajan tekane kampus mesti telat banget ora masalah sing penting tetep bisa melu kuliah TIK lan Biostatistik kang angel,supoyo ora ketinggalan. Nanging sisihane ora ngijinake yen diajeng mangkat numpak bis dewe,amarga sisihane paham menawa diajeng kuwi sok rada culun,klalenan arah lan kerep keturon menawa numpak bis,sing dikuwatirake sisihane menawa diajeng kebablasen lan kesasar.Nanging diajeng malah nesu ngrumangsa niat apike arep golek ilmu dipenggak,luwih2 nalika sisihane njaluk supaya diajeng mbolos kuliah wae lan nyikapi kahanan kanthi sabar,pangendikane sisihane olehe tangi krinan kuwi mesthi ana hikmahe.Ndak iyo?! ngono guneme diajeng karo lunga mapan arep sholat subuh.
Singkate mlakune wektu dina iku krasa cepet banget,dumadakan wis sore lan diajeng oleh sms kabar saka kancane menawa kuliah mau mung isi loro tok alias akeh sing kosong tur ora di absen,lan ujare kancane yen beja banget diajeng ora mangkat kuliah kuwi.Bubar maca sms,diajeng kelingan pangendikane sisihane mau isuk,mungkin kuwi hikmahe tangi krinan hehehehehehe........................Diajeng dadi seneng lan ora ngrasa kuciwa maneh wis mbolos kuliah sanajan sejatine rada isin jalaran komentar2 kanca2ne ana fesbuke isine mung olok2 kabeh hihihihihihihi...................................
------------------------------------the end----------------------------------------------
@based on true story with sensoran disana-sini@ memetri kabudayan lan basa jawi especially basa wanasaba @

.....................................................# siti malikah #.................................................................

Tidak ada komentar:

Posting Komentar